Kewajiban Nuntut Ngelmu Agami [1]
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
Bapak ibu ngertos menapa bentenipun fardu 'ain sami fardu kifayah? Menawi fardu 'ain menika menapa ingkang wajib dipuntindakaken dening saben muslim. dene menawi fardu kifayah inggih menika menapa-menapa ingkang wajib dipuntindakaken dening saperangan kaum muslimin mawon. Menawi sampun wonten ingkang nindakakenipun mila gugur kewajiban kaum muslimin ingkang sanes. Nanging kedah wonten ing antawis kaum muslimin ingkang nindakakenipun.
Tuladha fardu 'ain menika menapa? Sholat gangsal wekdal menika fardu ain, Amargi saben tiyang wajib shalat lan mboten kepareng diwakilkan dhateng tiyang sanes. Tuladha ingkang fardhu kifayah menika menapa? Jenazah, nggih tuladha ingkang paling populer inggih menika ngurus jenazah, menika fardu kifayah. Menawi sampun wonten ingkang nindakakenipun mila gugur kewajiban ngurus jenazah menika dumateng kaum muslimin ingkang sanes.
Ngelmu agami ugi wonten kalih, wonten elmi agami ingkang hukum nyinaoni nipun fardhu 'ain, wonten ngelmu agami ingkang hukum nyinaoni nipun inggih menika fardhu kifayah. Ngelmu agami ingkang hukum nyinaoni nipun fardhu 'ain menika ingkang dipun maksud dening sabda rasul shallallahu 'alaihi wasallam :
طلب العلم فريضة على كل مسلم
“Nuntut ngelmu menika kewajiban kagem saben muslim “(HR. Ibnu majah, shahih)
Dados, tholabul ilmi menika wajib dumateng saben muslim, sanes naming kewajiban kagem tiyang-tiyang ingkang estu kuliahipun wonten universitas-universitas agami. Nanging mados ngelmu menika hukumipun wajib dipuntindakaken dening saben muslim.
Mboten sadayaning ngelmu agami wajib dipunsinaoni dening saben muslim, wonten elmu agami ingkang mlebet kategori fardhu a'in, mila hukum nyinaoni nipun inggih menika fardhu a'in.
Tuladhanipun shalat, shalat menika wajib. Saben muslim wajib nyinaoni elmu bab sholat. Kula lan panjenengan kagungan kewajiban kagem nindakaken salat, mila elmu ingkang sesambetan kaliyan shalat gangsal wekdal menika wajib dipunsinaoni dening saben muslim.
Nabi shallallahu 'alaihi wa sallam matur, shalatlah panjenengan sakepripun panjenengan priksa kula shalat. Kula lan panjenengan dados ummat Rasullullah wajib nyinaoni ngelmu babagan sholat ingkang sampun dipunwucal dening panjenenganipun, supados kula lan panjenengan mangertos kados pundi tata cara shalat Rasulullah.
Semanten ugi kaleh ngelmu-ngelmu rukun islam sanesipun kados Syahadat, siyam ramadhan, zakat lan kaji. Kula lan panjenengan wajib nyinaoni ilmu-ilmu ingkang sampun kasebat meniko .
[ ust. Abu Khaleed Resa Gunarsa ]
Comments
Post a Comment