Posts

Showing posts from April, 2025

Kewajiban Nuntut Ngelmu Agami [1]

 بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ  Bapak ibu ngertos menapa bentenipun fardu 'ain sami fardu kifayah? Menawi fardu 'ain menika menapa ingkang wajib dipuntindakaken dening saben muslim. dene menawi fardu kifayah inggih menika menapa-menapa ingkang wajib dipuntindakaken dening saperangan kaum muslimin mawon. Menawi sampun wonten ingkang nindakakenipun mila gugur kewajiban kaum muslimin ingkang sanes. Nanging kedah wonten ing antawis kaum muslimin ingkang nindakakenipun.   Tuladha fardu 'ain menika menapa? Sholat gangsal wekdal menika fardu ain, Amargi saben tiyang wajib shalat lan mboten kepareng diwakilkan dhateng tiyang sanes. Tuladha ingkang fardhu kifayah menika menapa? Jenazah, nggih tuladha ingkang paling populer inggih menika ngurus jenazah, menika fardu kifayah. Menawi sampun wonten ingkang nindakakenipun mila gugur kewajiban ngurus jenazah menika dumateng kaum muslimin ingkang sanes.  Ngelmu agami ugi wonten kalih, wonten elmi agami ingkang hukum nyin...